Cari Blog Ini

Selasa, 16 Agustus 2011

ISI RAMALAN JAYABAYA

1. Besuk yen wis ana kreta tanpa jaran —
Kelak jika sudah ada kereta tanpa kuda.
2. Tanah Jawa kalungan wesi — Pulau Jawa
berkalung besi.
3. Prahu mlaku ing dhuwur awang-awang —
Perahu berjalan di angkasa.
4. Kali ilang kedhunge — Sungai kehilangan
mata air.
5. Pasar ilang kumandhang — Pasar
kehilangan suara.
6. Iku tandha yen tekane zaman Jayabaya wis
cedhak — Itulah pertanda zaman Jayabaya
telah mendekat.
7. Bumi saya suwe saya mengkeret — Bumi
semakin lama semakin mengerut.
8. Sekilan bumi dipajeki — Sejengkal tanah
dikenai pajak.
9. Jaran doyan mangan sambel — Kuda suka
makan sambal.
10. Wong wadon nganggo pakeyan lanang —
Orang perempuan berpakaian lelaki.
11. Iku tandhane yen wong bakal nemoni
wolak-waliking zaman— Itu pertanda
orang akan mengalami zaman berbolak-
balik
12. Akeh janji ora ditetepi — Banyak janji tidak
ditepati.
13. keh wong wani nglanggar sumpahe dhewe
— Banyak orang berani melanggar sumpah
sendiri.
14. Manungsa padha seneng nyalah— Orang-
orang saling lempar kesalahan.
15. Ora ngendahake hukum Hyang Widhi— Tak
peduli akan hukum Hyang Widhi.
16. Barang jahat diangkat-angkat— Yang jahat
dijunjung-junjung.
17. Barang suci dibenci— Yang suci (justru)
dibenci.
18. Akeh manungsa mung ngutamakke dhuwit
— Banyak orang hanya mementingkan
uang.
19. Lali kamanungsan— Lupa jati
kemanusiaan.
20. Lali kabecikan— Lupa hikmah kebaikan.
21. Lali sanak lali kadang— Lupa sanak lupa
saudara.
22. Akeh bapa lali anak— Banyak ayah lupa
anak.
23. Akeh anak wani nglawan ibu— Banyak
anak berani melawan ibu.
24. Nantang bapa— Menantang ayah.
25. Sedulur padha cidra— Saudara dan
saudara saling khianat.
26. Kulawarga padha curiga— Keluarga saling
curiga.
27. Kanca dadi mungsuh — Kawan menjadi
lawan.
28. Akeh manungsa lali asale — Banyak orang
lupa asal-usul.
29. Ukuman Ratu ora adil — Hukuman Raja
tidak adil
30. Akeh pangkat sing jahat lan ganjil—
Banyak pejabat jahat dan ganjil
31. Akeh kelakuan sing ganjil — Banyak ulah-
tabiat ganjil
32. Wong apik-apik padha kapencil — Orang
yang baik justru tersisih.
33. Akeh wong nyambut gawe apik-apik padha
krasa isin — Banyak orang kerja halal
justru merasa malu.
34. Luwih utama ngapusi — Lebih
mengutamakan menipu.
35. Wegah nyambut gawe — Malas untuk
bekerja.
36. Kepingin urip mewah — Inginnya hidup
mewah.
37. Ngumbar nafsu angkara murka,
nggedhekake duraka — Melepas nafsu
angkara murka, memupuk durhaka.
38. Wong bener thenger-thenger — Orang
(yang) benar termangu-mangu.
39. Wong salah bungah — Orang (yang) salah
gembira ria.
40. Wong apik ditampik-tampik— Orang
(yang) baik ditolak ditampik (diping-pong).
41. Wong jahat munggah pangkat— Orang
(yang) jahat naik pangkat.
42. Wong agung kasinggung— Orang (yang)
mulia dilecehkan
43. Wong ala kapuja— Orang (yang) jahat
dipuji-puji.
44. Wong wadon ilang kawirangane—
perempuan hilang malu.
45. Wong lanang ilang kaprawirane— Laki-laki
hilang jiwa kepemimpinan.
46. Akeh wong lanang ora duwe bojo—
Banyak laki-laki tak mau beristri.
47. Akeh wong wadon ora setya marang
bojone— Banyak perempuan ingkar pada
suami.
48. Akeh ibu padha ngedol anake— Banyak ibu
menjual anak.
49. Akeh wong wadon ngedol awake— Banyak
perempuan menjual diri.
50. Akeh wong ijol bebojo— Banyak orang
gonta-ganti pasangan.
51. Wong wadon nunggang jaran—
Perempuan menunggang kuda.
52. Wong lanang linggih plangki— Laki-laki
naik tandu.
53. Randha seuang loro— Dua janda harga
seuang (Red.: seuang = 8,5 sen).
54. Prawan seaga lima— Lima perawan lima
picis.
55. Dhudha pincang laku sembilan uang—
Duda pincang laku sembilan uang.
56. Akeh wong ngedol ngelmu— Banyak orang
berdagang ilmu.
57. Akeh wong ngaku-aku— Banyak orang
mengaku diri.
58. Njabane putih njerone dhadhu— Di luar
putih di dalam jingga.
59. Ngakune suci, nanging sucine palsu—
Mengaku suci, tapi palsu belaka.
60. Akeh bujuk akeh lojo— Banyak tipu banyak
muslihat.
61. Akeh udan salah mangsa— Banyak hujan
salah musim.
62. Akeh prawan tuwa— Banyak perawan tua.
63. Akeh randha nglairake anak— Banyak
janda melahirkan bayi.
64. Akeh jabang bayi lahir nggoleki bapakne—
Banyak anak lahir mencari bapaknya.
65. Agama akeh sing nantang— Agama banyak
ditentang.
66. Prikamanungsan saya ilang—
Perikemanusiaan semakin hilang.
67. Omah suci dibenci— Rumah suci dijauhi.
68. Omah ala saya dipuja— Rumah maksiat
makin dipuja.
69. Wong wadon lacur ing ngendi-endi—
Perempuan lacur dimana-mana.
70. Akeh laknat— Banyak kutukan
71. Akeh pengkianat— Banyak pengkhianat.
72. Anak mangan bapak—Anak makan bapak.
73. Sedulur mangan sedulur—Saudara makan
saudara.
74. Kanca dadi mungsuh—Kawan menjadi
lawan.
75. Guru disatru—Guru dimusuhi.
76. Tangga padha curiga—Tetangga saling
curiga.
77. Kana-kene saya angkara murka — Angkara
murka semakin menjadi-jadi.
78. Sing weruh kebubuhan—Barangsiapa tahu
terkena beban.
79. Sing ora weruh ketutuh—Sedang yang tak
tahu disalahkan.
80. Besuk yen ana peperangan—Kelak jika
terjadi perang.
81. Teka saka wetan, kulon, kidul lan lor—
Datang dari timur, barat, selatan, dan
utara.
82. Akeh wong becik saya sengsara— Banyak
orang baik makin sengsara.
83. Wong jahat saya seneng— Sedang yang
jahat makin bahagia.
84. Wektu iku akeh dhandhang diunekake
kuntul— Ketika itu burung gagak dibilang
bangau.
85. Wong salah dianggep bener—Orang salah
dipandang benar.
86. Pengkhianat nikmat—Pengkhianat nikmat.
87. Durjana saya sempurna— Durjana semakin
sempurna.
88. Wong jahat munggah pangkat— Orang
jahat naik pangkat.
89. Wong lugu kebelenggu— Orang yang lugu
dibelenggu.
90. Wong mulya dikunjara— Orang yang mulia
dipenjara.
91. Sing curang garang— Yang curang
berkuasa.
92. Sing jujur kojur— Yang jujur sengsara.
93. Pedagang akeh sing keplarang— Pedagang
banyak yang tenggelam.
94. Wong main akeh sing ndadi—Penjudi
banyak merajalela.
95. Akeh barang haram—Banyak barang
haram.
96. Akeh anak haram—Banyak anak haram.
97. Wong wadon nglamar wong lanang—
Perempuan melamar laki-laki.
98. Wong lanang ngasorake drajate dhewe—
Laki-laki memperhina derajat sendiri.
99. Akeh barang-barang mlebu luang—Banyak
barang terbuang-buang.
100. Akeh wong kaliren lan wuda—Banyak
orang lapar dan telanjang.
101. Wong tuku ngglenik sing dodol—Pembeli
membujuk penjual.
102. Sing dodol akal okol—Si penjual bermain
siasat.
103. Wong golek pangan kaya gabah diinteri—
Mencari rizki ibarat gabah ditampi.
104. Sing kebat kliwat—Yang tangkas lepas.
105. Sing telah sambat—Yang terlanjur
menggerutu.
106. Sing gedhe kesasar—Yang besar tersasar.
107. Sing cilik kepleset—Yang kecil terpeleset.
108. Sing anggak ketunggak—Yang congkak
terbentur.
109. Sing wedi mati—Yang takut mati.
110. Sing nekat mbrekat—Yang nekat
mendapat berkat.
111. Sing jerih ketindhih—Yang hati kecil
tertindih
112. Sing ngawur makmur—Yang ngawur
makmur
113. Sing ngati-ati ngrintih—Yang berhati-hati
merintih.
114. Sing ngedan keduman—Yang main gila
menerima bagian.
115. Sing waras nggagas—Yang sehat pikiran
berpikir.
116. Wong tani ditaleni—Orang (yang) bertani
diikat.
117. Wong dora ura-ura—Orang (yang) bohong
berdendang.
118. Ratu ora netepi janji, musna panguwasane
—Raja ingkar janji, hilang wibawanya.
119. Bupati dadi rakyat—Pegawai tinggi
menjadi rakyat.
120. Wong cilik dadi priyayi—Rakyat kecil jadi
priyayi.
121. Sing mendele dadi gedhe—Yang curang
jadi besar.
122. Sing jujur kojur—Yang jujur celaka.
123. Akeh omah ing ndhuwur jaran—Banyak
rumah di punggung kuda.
124. Wong mangan wong—Orang makan
sesamanya.
125. Anak lali bapak—Anak lupa bapa.
126. Wong tuwa lali tuwane—Orang tua lupa
ketuaan mereka.
127. Pedagang adol barang saya laris—Jualan
pedagang semakin laris.
128. Bandhane saya ludhes—Namun harta
mereka makin habis.
129. Akeh wong mati kaliren ing sisihe pangan
—Banyak orang mati lapar di samping
makanan.
130. Akeh wong nyekel bandha nanging uripe
sangsara—Banyak orang berharta tapi
hidup sengsara.
131. Sing edan bisa dandan—Yang gila bisa
bersolek.
132. Sing bengkong bisa nggalang gedhong—Si
bengkok membangun mahligai.
133. Wong waras lan adil uripe nggrantes lan
kepencil—Yang waras dan adil hidup
merana dan tersisih.
134. Ana peperangan ing njero—Terjadi perang
di dalam.
135. Timbul amarga para pangkat akeh sing
padha salah paham—Terjadi karena para
pembesar banyak salah faham.
136. Durjana saya ngambra-ambra—Kejahatan
makin merajalela.
137. Penjahat saya tambah—Penjahat makin
banyak.
138. Wong apik saya sengsara—Yang baik
makin sengsara.
139. Akeh wong mati jalaran saka peperangan
—Banyak orang mati karena perang.
140. Kebingungan lan kobongan—Karena
bingung dan kebakaran.
141. Wong bener saya thenger-thenger—Si
benar makin tertegun.
142. Wong salah saya bungah-bungah—Si salah
makin sorak sorai.
143. Akeh bandha musna ora karuan lungane—
Banyak harta hilang entah ke mana
144. Akeh pangkat lan drajat pada minggat ora
karuan sababe—Banyak pangkat dan
derajat lenyap entah mengapa.
145. Akeh barang-barang haram, akeh bocah
haram—Banyak barang haram, banyak
anak haram.
146. Bejane sing lali, bejane sing eling—
Beruntunglah si lupa, beruntunglah si
sadar.
147. Nanging sauntung-untunge sing lali—Tapi
betapapun beruntung si lupa.
148. Isih untung sing waspada—Masih lebih
beruntung si waspada.
149. Angkara murka saya ndadi—Angkara
murka semakin menjadi.
150. Kana-kene saya bingung—Di sana-sini
makin bingung.
151. Pedagang akeh alangane—Pedagang
banyak rintangan.
152. Akeh buruh nantang juragan—Banyak
buruh melawan majikan.
153. Juragan dadi umpan—Majikan menjadi
umpan.
154. Sing suwarane seru oleh pengaruh—Yang
bersuara tinggi mendapat pengaruh.
155. Wong pinter diingar-ingar—Si pandai
direcoki.
156. Wong ala diuja—Si jahat dimanjakan.
157. Wong ngerti mangan ati—Orang yang
mengerti makan hati.
158. Bandha dadi memala—Hartabenda
menjadi penyakit
159. Pangkat dadi pemikat—Pangkat menjadi
pemukau.
160. Sing sawenang-wenang rumangsa menang
— Yang sewenang-wenang merasa
menang
161. Sing ngalah rumangsa kabeh salah—Yang
mengalah merasa serba salah.
162. Ana Bupati saka wong sing asor imane—
Ada raja berasal orang beriman rendah.
163. Patihe kepala judhi—Maha menterinya
benggol judi.
164. Wong sing atine suci dibenci—Yang berhati
suci dibenci.
165. Wong sing jahat lan pinter jilat saya derajat
—Yang jahat dan pandai menjilat makin
kuasa.
166. Pemerasan saya ndadra—Pemerasan
merajalela.
167. Maling lungguh wetenge mblenduk —
Pencuri duduk berperut gendut.
168. Pitik angrem saduwure pikulan—Ayam
mengeram di atas pikulan.
169. Maling wani nantang sing duwe omah—
Pencuri menantang si empunya rumah.
170. Begal pada ndhugal—Penyamun semakin
kurang ajar.
171. Rampok padha keplok-keplok—Perampok
semua bersorak-sorai.
172. Wong momong mitenah sing diemong—Si
pengasuh memfitnah yang diasuh
173. Wong jaga nyolong sing dijaga—Si penjaga
mencuri yang dijaga.
174. Wong njamin njaluk dijamin—Si penjamin
minta dijamin.
175. Akeh wong mendem donga—Banyak
orang mabuk doa.
176. Kana-kene rebutan unggul—Di mana-
mana berebut menang.
177. Angkara murka ngombro-ombro—Angkara
murka menjadi-jadi.
178. Agama ditantang—Agama ditantang.
179. Akeh wong angkara murka—Banyak orang
angkara murka.
180. Nggedhekake duraka—Membesar-besarkan
durhaka.
181. Ukum agama dilanggar—Hukum agama
dilanggar.
182. Prikamanungsan di-iles-iles—
Perikemanusiaan diinjak-injak.
183. Kasusilan ditinggal—Tata susila diabaikan.
184. Akeh wong edan, jahat lan kelangan akal
budi—Banyak orang gila, jahat dan hilang
akal budi.
185. Wong cilik akeh sing kepencil—Rakyat kecil
banyak tersingkir.
186. Amarga dadi korbane si jahat sing jajil—
Karena menjadi kurban si jahat si laknat.
187. Banjur ana Ratu duwe pengaruh lan duwe
prajurit—Lalu datang Raja berpengaruh
dan berprajurit.
188. Lan duwe prajurit—Dan punya prajurit.
189. Negarane ambane saprawolon—Lebar
negeri seperdelapan dunia.
190. Tukang mangan suap saya ndadra—
Pemakan suap semakin merajalela.
191. Wong jahat ditampa—Orang jahat
diterima.
192. Wong suci dibenci—Orang suci dibenci.
193. Timah dianggep perak—Timah dianggap
perak.
194. Emas diarani tembaga—Emas dibilang
tembaga
195. Dandang dikandakake kuntul—Gagak
disebut bangau.
196. Wong dosa sentosa—Orang berdosa
sentosa.
197. Wong cilik disalahake—Rakyat jelata
dipersalahkan.
198. Wong nganggur kesungkur—Si
penganggur tersungkur.
199. Wong sregep krungkep—Si tekun
terjerembab.
200. Wong nyengit kesengit—Orang busuk hati
dibenci.
201. Buruh mangluh—Buruh menangis.
202. Wong sugih krasa wedi—Orang kaya
ketakutan.
203. Wong wedi dadi priyayi—Orang takut jadi
priyayi.
204. Senenge wong jahat—Berbahagialah si
jahat.
205. Susahe wong cilik—Bersusahlah rakyat
kecil.
206. Akeh wong dakwa dinakwa—Banyak orang
saling tuduh.
207. Tindake manungsa saya kuciwa—Ulah
manusia semakin tercela.
208. Ratu karo Ratu pada rembugan negara endi
sing dipilih lan disenengi—Para raja
berunding negeri mana yang dipilih dan
disukai.
209. Wong Jawa kari separo—Orang Jawa
tinggal setengah.
210. Landa-Cina kari sejodho — Belanda-Cina
tinggal sepasang.
211. Akeh wong ijir, akeh wong cethil—Banyak
orang kikir, banyak orang bakhil.
212. Sing eman ora keduman—Si hemat tidak
mendapat bagian.
213. Sing keduman ora eman—Yang mendapat
bagian tidak berhemat.
214. Akeh wong mbambung—Banyak orang
berulah dungu.
215. Akeh wong limbung—Banyak orang
limbung.
216. Selot-selote mbesuk wolak-waliking zaman
teka—Lambat-laundatanglah kelak
terbaliknya zaman.
217. Agama Hindu akan bangkit kembali

Tidak ada komentar:

Posting Komentar